Minggu, 04 Maret 2012

0 Kumpulan Parikan (Pantun Jawa)


nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat

jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan
dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan

kursi goyang sikile papat
nek berjuang ja golek pangkat

numpak dhelman nang Betawi
nek berjuang kudu wani mati

dalan sepur dilumpati
pengin makmur ja korupsi

gemak lontheng-lontheng
krasa penak ndengkang-ndengkeng

kicak jenang jahe
krasa penak meneng wae

susur mbako enak
turu kasur nggawe anak

kodhok kalung kupat
awak boyok ora kuwat

enteng-enteng omah rayap
nangis ngereng njaluk ijab

dalan sepur dilumpati
ajur mumur dilakoni

Walang kekek menclok ning tenggok, mabur maneh menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati

Omah gendheng tak saponane
abot entheng tak lakonane

Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih
bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih

Andheng-andheng ana pilingan
aja dipandeng mundhak kelingan

Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe

Bisa nggambang ora bisa nyuling
bisa nyawang ora bisa nyandhing

Mikul suket dientul-entul
senenge banget nanging ora bisa kumpul

theklek kecemplung kalen
timbang golek luwung balen

abang-abang ora legi
tiwas magang ora dadi

andheng-andheng ngisor lambe
tiwas mandeng wis ana sing nduwe

awan2 tuku brambang
ana prawan klambiné abang

wedang bubuk, gula jawa,
yen Kepethuk atiné lega

esuk nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo,
esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa.

suwé ora jamu, jamu godhong téla,
suwé ora ketemu ketemu pisan gawé gela

0 komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Ramalan Jodoh

Tukar Link Yuk